Skip to main content

Orang 'Alim MAU Mengajar | Catatan Ngaji Gus Baha

 


Catatan Ngaji Gus Baha. 
Ini adalah cuplikan ngaji bersama Gus Baha yang kami transkrip dari video beliau. Semoga bisa bermanfaat untuk kalian semua. 


Orang yang 'alim dan mau mengajar

Kulo bolak-balik crito, kulo lak mulang niku seneng... mergo ngulang niku sifate Pengeran

 اقرأ وربك الأكرم

 الذي علم بالقلم 


Iqro' wa robbukal akrom, alladzi 'allama bil qolam. 

Alloh nyifati Dzate niku Dzat sing mulang. 

الرحمن  علم القرآن خلق الإنسان  علمه البيان

Alloh nyifati dzate niku sifat mulang. Cirikhase mulang niku piye? 'allamahul bayan (lak mulang dadi kepenak) bayan niku jelas. 

Mulane wong ojo wani wong alim sing ngulang, mergo wong alim ngulang niku wes kondang2 e wong. Mergo wong alim ngulang ning alam malakut disebut 'adziman (orang besar). 

من علم وعمل وعلَّم فذاك يدعى عظيماً في ملكوت السماوات

Wong alim terus gelem mulang, niku disebut wong gede tenan lek teng alam langit. Faham nggih. Tapi lak wong 'alim ra gelem ngulang, tapi nak dihormati tetep gelem, (nggowo)  proposal ngalor ngidul, niku yo rapatek gede. Tapi lak ning bumi gede, lak ning langit? mpun mboten populer, mboten keren maksude. 

Dadi sing dindarani niku (adziman) wong sing alim ngulang. Niku Muta'alliman. Mergo Alloh menyifati dzate niku, dzat sing ngulang. Nggih niku wau, 

 اقرأ وربك الأكرم

iqro wa robbukal akrom

Pengeran iku sopo? 


الذي علم بالقلم

alladzi 'allama dzat sing ngulang

Bil qolam.. mulane nggowo pulpen iku sunat, mergo Alloh nyifati makhluk e lek mulang iku nggowo? Pulpen. 


علم الإنسان ما لم يعلم

'Allamal insana maa lam ya'lam

Ciri utama Pengeran iku mulang, barang sing wong ra ruh. Lha wong alim, iku diwajibno ngulang, sing wong raruh, dadi... ruh. 



Kalau ingin lihat transkrip bahasa Indonesia nya, bisa lihat di kanal Youtube di bawah ini ya temen2...

https://www.youtube.com/shorts/jMwaWH09ADY


Comments